Thursday 24 November 2016

Password Leptop

Tags



Password Laptop
Jenengku dina aku sekolah ndek SMAN 1 JATIROGO, aku saiki kelas 12 wayah wayahe wis akeh tugas soko bapak lan ibu guru wektu iku dino sabtu  jam pelajaran terakhir yaiku pelajarane Pak Budi,pas ape muleh pak Budi menehi PR
Sesok e kan minggu jarene fajar arep dolan ndek omahku jare arep njalok marai nggarap tugas.
Sesok e jam 8an ono suoro pedah motor ketenger iki pedah e Fajar.
Lagek teko laptop diselehne tapi dewek'e langsung nyang toilet jare kebelet ee’. karo nunggu koncoku laptope tak urepke, nanging jebule laptope dipasangi password dadi aku gak iso mbukak.
"Jar, leptopmu gak knek dibukak kon nglebokne password, opo iki paswote?"
Fajar seng neng njero toilet iku mou tak bengok'i.
"Jenengmu"
Semaure ora kalah banter mbengok. Trenyuh atiku lagek ngerti yen jenengku sampek didadekne password. Tapi yo gak gumun wong aku karo dewek'e wes koyo sedulur lanang wae, konco awit SD sampek SMA, dadi yo masuk akal ae yen sampek jenengku didadekne password, mungkin supoyo eling terus marang aku kang dadi konco sejatine. langsung tak ketik jenengku "dina" trus tak enter, Lho kok gak knek, Tak jajal maneh, Lho kok tetep gak knek, mungkin jeneng lengkapku, tambah keronto-ronto atiku ora ngiro yen sampek jeneng lengkapku  seng digawe password laptop iki.
Jeneng lengkapku tak ketik trus tak enter, Lho...kok tetep salah password.
"Kok ndak kenek to Jarr.."
Fajar seng iseh ing jero toilet tak bengok'i maneh.
"Kaploken" Semaure ndak jelas opo maksute.
"Apane seng dikaplok? laptope yo?"Aku takon gak paham
"Hurupe password iku ketiken ngangge hurup gedhi"
"Hoalaaaah...CapsLock" Lagek mudeng aku, untunge laptope urung tak kaplok tenan. Tak coba maneh jenengku tak ketik, saiki ngangge hurup gedhi , berbunga-bunga tenan hatiku, begitu berartinyakah diriku iki sampek-sampek password laptope koncoku iki ngangge jenengku hurupe gedi pisan, ge er ku wes gak ketulungan. Tak pijet enter, Lho... tapi kok tetep password yang anda masukkan salah.
"Ora ketek eh kenek"
 aku kondo naliko koncoku wes metu songko toilet. Banjur laptop dicekel
"Moso to, njiaal kene ndelok" Tombol CapsLock di dulek trus paswote diketik: "JENENGMU" Oalah..semprul.... kadung ge er aku...




EmoticonEmoticon